RURA BASA-JAWA 7
- Bahasa Jawa 7, Materi Kelas 7, Pembelajaran
- 4 November 2020
MATERI KE 6-JAWA 7
Tembung adang sega, nguleg sambel, nggodhog wedang, ngunjuk kopi, menek klapa, negor gedhang, nunggu pitik, ngenam klasa, ndhudhuk sumur, mbathik iket, ngliting rokok, ing wacan dhuwur iku kabeh kalebu ewoning tembung rura basa.
Tembung rura padha bae tegese karo rurah. Nganggo h utawa ora, tegese padha, yaiku rusak.
Tembung rura basa, ateges basa rusak, basa kang wis luput kalantur-lantur, nganti ora kena dibenerake maneh. Ora kena, jalaran pancen wis ora lumrah dibenerake. Yen meksa dibenerake, malah dadi basa sing ora lumrah, basa sing aneh, basa sing ora kaprah kanggo. Sanadyan bener, yen ora kaprah, dianggep salah.
Tuladha : “Nggodhog wedang”, yen digagas temenan, katon luput. Sing digodhog iku benere rak banyu, durung dadi wedang. Banjur kenane diarani wedang rak yen wis digodhog. Basa sing bener pancen kudu nggodog banyu.
Sanadyan tembung nggodog banyu iku bener, lan pancen sing bener temenan, sarehne ora kaprah banjur dianggep salah. Ukara sing salah mandar kaprah, sing bener ora kanggo. Ya bangsane tembung kang kaya mengkono iku kang diarani rura basa.
Gladhen Tembung rura basa
Tuladha :
adang sega sing bener adang beras supaya dadi sega
Mangan awan | sing bener | mangan wayah awan…………………………………………………………………………………….. |
Mbunteli tempe | sing bener | mbunteli dhele dadi tempe…………………………………………………………………………………………….. |
Menek klapa | sing bener | menek wit klapa…………………………………………………………………………………………….. |
Mikul dhawet | sing bener | mikul kranjang dhawet…………………………………………………………………………………………….. |
Ndheplok gethuk | sing bener | ndheplok tela dadin gethuk…………………………………………………………………………………………. |
Ndhudhuk sumur | sing bener | ndhudhuk lemah dadi sumur…………………………………………………………………………………………….. |
Ndondomi klambi | sing bener | ..ndhondhomi bahan dadi klambi…………………………………………………………………………………………… |
Ngenam klasa | sing bener | ngenam pring(plastik/ rotan) dadi klasa…………………………………………………………………………………………….. |
Ngethok gedhang | sing bener | ngethok uwit gedhang…………………………………………………………………………………………….. |
Nyangking banyu | sing bener | nyangking timba isi banyu…………………………………………………………………………………………….. |
DAFTAR PUSTAKA
MGMP SMP Kab. TEMANGGUNG. 2013. PANCADAN SINAU BASA JAWA Kanggo SMP. Temanggung