Upacara Adat – Jawa 9
- Bahasa Jawa 9, Materi Kelas 9, Pembelajaran
- 26 Oktober 2020
Materi ke 4 – Jawa 9
MULA BUKANE UPACARA BERSIH DESA
Upacara Bersih Desa utawa Bersih Dhusun klebu tatacara adat kang wis ana kawit jaman kawuri. Upacara iki biyasa kaadani ing sasi ruwah saben taun sapisan. Upacara iki uga katelah merti dhusun, sedhekah bumi, utawa sedhekah desa.
Bersih Desa sejatine wis ana wiwit jaman biyen duk rikala tanah Jawa akeh sing ngrasuk agama Hindhu. Upacara iki sesebutane upacara Rajawedha. Rajawedha kalebu kawicaksanan utawa aturan kang didhawuhe raja marang para kawula lan pangembating praja sing diwujudake slametan.
Pengalaman sing nindakake Rajawedha nate dialami dening sawijining kraton sing jenenge Giling Oya kathi raja kang asmane Sinuwun Prabu Sitawaka. Nalika samono kraton sakawulane nandhang pageblug awan lara sore mati. Ngerti kahanan kang kaya mangkono Sang Prabu banjur ndhawuhake sawijining Brahmana Redi supaya nganakake bersih desa kang tujuwane ngilangi godha sukerta . Bersih Desa iki banjur dianakake saben taun sapisan.
Pengalaman liya nalika Pengging dipandhegani Sunan Prabu Hajipamasa, yaiku nalika katekan mungsuh wujud raseksa jim saka Ngima Imantaka. Kahanan mau anjalari Sang Prabu penggalihe ora jenjem, rina klawan wengi tan bisa sare. Prabu Hajipamasa banjur nyuwun bantuwan marang Bathari Kalayuwati sing kratone ana ing Krendhawahana. Bathari Kalayuwati ora gelem amarga Sang Prabu Pengging ora tau slametan. Mula Sang Prabu banjur nganakake slametan yaiku nyedhiyakake Kebo Giras. Kebo Giras mau cacahe kudu padha karo lawase taun Sang Prabu jumeneng nata. Slametan mau katujokake marang Bathari Kalayuwati ing alas Krendhawahana. Marga kalegan, panyuwune Prabu Hajipamasa supaya uwal saka pangamuke raseksa dileksanani.
Saka kedaeyan kuwi, mula ing Pengging saben sataun sepisan banjur dianani upacara bersih desa kang diarani Slametan Maesalawung.
Upacara adat uga dialami nalika Kraton Demak Bintara diasta dening sultan Syeh Alam Akbar. Slametan mau diadani merga ing Demak kala samana kena musibah lelara sing njalari kratone dadi carub ora karuwan. Sunan Kalijaga sing ngasta wali jamane Demak Bintara nampa wangsit yen kepingin ngilangi wabah lelara sing disandhang dening kawula kraton Demak kudu nganakake slametan . Slametan kuwi katindakake sarana ditlesepi syiar Islam . Nalika jaman Sunan Bonang, anggone nganakake slametan migunakake basa Jawa, arab lan basa Hindu, sawuse kuwi negara Demak dadi aman adoh saka pageblug.
Mangkono mulabukane Bersih Dhusun ing jaman kawuri, kanthi cara kang maneka warna nut jaman kelakone. Jenenge uga werna-werna. Nganti saiki isih ana sing nglestarekake budaya Bersih Desa mau, wujud slametan lan dikantheni karo reresik kali , kuburan lan dalan- dalan.
( kabesut saking : Panjebar Semangat No. 41 9 Oktober 2010 )