Teks Sandiwara – Bahasa Jawa 9

Minggu ke 3 – Bahasa Jawa 9

JERIT BUBAR MAGRIB

Paraga :

1.Hardiyanto       : Nom-noman sing melu Tentara Pelajar

2.Hendrik            : Komandhan Markas Landa

3.Bapak               : Bapake Hardiyanto

4.Simbok             : Mboke Hardiyanto

5.Daroji               : Centeng / gedibale landa

( sidane Hardiyanto mulih. Dheweke sengaja ora nggawa perlengkapan apa-apa kajaba glathi sing tansah sumlempit ing bangkekane. Yen ora kepethuk bakul sing nekakake welinge wong tuwane, mbok menawa wektu ngarepake magrib ngene iki Hardiyanto wis nggabung kanca-kancane, sing arep gerilya. Nanging amarga dikabari mbokne lara, kepeksa Hardiyanto mulih. )

Hardiyanto                : ( Sawise ketemu mbokne) “jare lara mbok, kok waras wiris ?

Simbok                      : “Iya, kana cucul-cucul lan ganti dhisik !”

Bapak                        : “Mbokmu kangen banget karo kowe, Har “

Hardiyanto                : “Ngono kok jare simbok lara nemen to Pak. Kamangka saiki iki kahanan lagi gawat. Tenaga lan pikiranku lagi dibutuhake kanggo perjuwangan negakake kamardhikan kang wis dikumandhangake, Pak “

Bapak                       : “Yen ora takakali ngono, tangeh lamun kowe gelem mudhun. Karo meneh apa kowe ki arep terus-terusan blusukan turut alas ?”

Hardiyanto               : “Kersane Bapak ?” (Kaget krungu tembunge bapakne)

Bapak                       : “Perjuanganmu bebasan timun mungsuh duren, Har. Apa pring lancip lan bedhil-bedhil karaten kuwi kuwawa nandhingi Landa sing agegaman lengkap lan modern ?”

Hardiyanto               : (Hardiyanto meneng krungu kandhane bapakne. Ing batin gagap-gagap ya gene bapakne saiki duwe penemu sing kaya ngono. Kamangka nalika dheweke ngabung mbentuk Laskar Tentara Pelajar mbiyen ora ngono. Malah Bapakne paring panjurung lan pandonga. Keprungu swarane mbokne njedhul saka pawon)

Simbok                     : “ Wis rampung kae lho nang mburi. Mangan dhisik !”

                                 (Hardiyanto lan Bapakne tumuju menyang meja mangan.)

Hardiyanto               : “Kok mbeleh pitih barang ta Mbok ?”

Simbok                     : “Pancen nyawisi awakmu. Bareng dikandhani yen sore iki kowe arep teka. Pancen wis bola-bali anggonku melingke supaya kowe mulih”

Hardiyanto               : “Ngono kok jare sampeyan lara”

Simbok                     : “Yen ora ngono kowe mesthi emoh bali. Kuwi delengen awakmu! Nganti ora kopen ketungkul anggonmu mburu kidang sing durung genah papan grumbule?”

Hardiyanto               : “Mburu kidang sing durung genah grumbule ?”

Bapak                       : (nyelani) Wis ah. Mangan dhisik ! Mengko omong-omongan meneh !”

Hardiyanto               : “ Lha iya simbok ki lho, lha jamane kaya ngene kok masak enak-enakan”

Simbok                     : “Iku lak kanugrahan ta Har. Wis sing wareg ! Aku dak gawe kopi”

Simbok                     : “Iki lho Har, wedange !”

Hardiyanto               : (kaget weruh isen-isen sing ana ing dhuwur meja)

                                  “Mbok…, Pak … ! iki susu lan roti saka ngendi ? Jajanan semene akehe ki saka ngendi?”

Bapak                       : “Mau rak wis dikandhakake mbokmu ta Har, kabeh iki kanugrahan. Mulane kowe tak kon mulih.”

Hardiyanto               : “Kanugrahan ? kanugrahan saka ngendi, Pak ?”

Bapak                       : “Sabar Har … sabar ! Mau aku rak wis kandha ta, sejatine perjuwanganmu iku bebasan timun mungsuh duren.”

Hardiyanto               : “Dadi Bapak lan Simbok wis kena pangglembuke mungsuh?”

Bapak                       : “Pikiren Har ! Aku wong tuwamu. Sawise saprana-seprene, banjur apa ta hasile kamardikan ? Wiwit jaman Jepang nganti jaman kamardikan, uripe awake dhewe tansah kecingkrangan. Banjur Landa teka maneh. Embokmu saiki wis ora blanja.  Susu, roti, beras, gula, wis telung sasi iki dikirimi Tuan Hendrik.”

Hardiyanto               : “Bapak  ! “(pambengoke Hardiyanto karo nggebrag meja. Atine tambah getem-getem maneh nalika krungu jeneng ‘ Van Hendrik’  Komandhan Markas Landa iku disebut-sebut bapake)

Bapak                       : “Mulane Har, kowe bacik bali wae! Tuan Hendrik bakal menehi kalungguhan marang kowe, yen kowe gelem nyelehake senjatamu. Kaya Daroji kae, saiki dheweke kepenak melu serdhadhu Landa. Lan sing kerep mrene diutus Tuan Hendrik ki ya Daroji kuwi.”

Hardiyanto               : “Bangsat ! Kurang ajar ! Dadi Daroji sing dadi penghiyanat. Yen ngono mesthi dheweke sing mbocorake panyerbuwane kanca-kanca. Mulane  angger –angger  mesthi  gagal.”

Bapak                       : “Wis ta Har ! turutana ta panjalukku iki !

Hardiyanto               : “Pak, jiwa ragaku wis dak lilakake kanggo tumbaling kamardhikan !”

( dumadakan kaprungu swara sepatu, wong telu padha pandeng-pandengan. Swara sepatu keprungu saya cedhak, Hardiyanto tanggap kanthi trengginas dheweke nyaut klambi sing dicanthelake ing cagak banjur mencolot metu saka lawang pawon mburi omah. Ora suwe pating jredhul serdhahu Landa wis mlebu omah nggawa cucuk  laku. Daroji)

Handrik                    : “Endi, Anakmu Hardiyanto he ? Wis teka kaya janjimu dhek wingi ?”

Bapak                       : (gugup) Eh, du …du…durung te …teka tuan.”

Hendrik                    : “Durung teka? Ah bohong. Iki cawisane sapa ?”

Bapak                       : “Bener, tuan. Dheweke durung teka. Iki …iki cawisane dheweke yen mengko teka.”

Hendrik                    : “Kowe ngapusi ya ? Daroji, coba golekana Hardiyanto didhelikake ngendhi !”

Daroji                       : “Lawang pawon sing mburi menga tuan. Ing meja bubar ana sing mangan. Nanging Hardiyanto ora ana, tuan.”

Hendrik                    : Ha…ha…ha dadi kowe ngapusi ya?”

Bapak                       : “Ora tuan, seng lebar mangan iku aku karo bojoku, tuan”

Hendrik                    : ”Bohong !, Kosingidake nang ngendhi anjing-anjing republik kuwi ha?”

Bapak                       : “Be …(durung rampung anggone mangsuli, dumadakan” pyar” sakabehing isi meja ambyar.)

Hendrik                    : “Kowe anjing republik ngapusi aku ya ?”

                                 (plak ! omong ngono karo nibakake popor bedhil menyang pipine bapake Hardiyanto. Banjur disudukake ing wetenge. Sing wedok miris meruhi kahanan sing kaya ngono kuwi. Ora let suwe keprungu swara pating jledhor dibarengi panjerite mboke Hardiyanto saka  jero  omah kuwi.)

  1. Seselan Um/ Rimbag Ba Wa Ma

Tuladha :

Um + tuju       = tumuju

Um + riyin      = rumiyin

Um + sanak    = sumanak

Ukara iki setitekna!

  1. Sukir dakundang ora sumaur.
  2. Barisan wadyabala Pandhawa budal lumampah tumuju alun-alun.
  3. Yatna tangkepipun dhateng kanca sumanak.

2. Basa Rinengga

Basa rinengga uga diarani basa pajangan, basa pacakan, basa bregasan. Basa rinengga mesthi wae ngemu rasa kaendahan, kaendahaning basa. Basa kang endah ora ateges kudu angel disurasa tegese.

Carane ngrengga basa kayata :

  1. Sarana dikandhakake kanthi cara liya utawa nganggo ukara liya sing karepe padha.
  2. Diganti tetembungan sawetara nganggo tembung kawi, supaya katon bregas.

Tuladha : tembung kudu iku tembung lumrah, bisa diganti nganggo tembung liya : tan kena ora.

Daftar Pustaka

Tim MGMP Basa Jawa. Pancadan Sinau Basa Jawa Kelas 9. 2019.Temanggung.

Leave Your Comment Here