Teks Cerita Rakyat – Bahasa Jawa 7

Minggu ke 3 – Bahasa Jawa 7

MATERI PASINAON

Dongeng mujudake crita tradisonal utawa crita kang dicritakake lumantar tutur saka leluhur (nenek moyang).

Dongeng kaperang dadi 7, yaiku:

  1. Legenda yaiku crita rakyat saemper mite, nanging kang diceritakake manungsa kang nduweni kasekten/kaluwihan lan umume gegayutan karo dumadine papan panggonan.
  2. Mite yaiku dongeng kang nyritakake babagan gaib kaya dene crita bab dewa, peri lan sapiturute.
  3. Sage yaiku crita dongeng babagan kepahlawanan, kadigdayan lan kasekten kayadene crita dongeng kasektene Patih Gajah Mada.
  4. Fabel yaiku dongeng paragane kewan  kang bisa wicara kaya-kaya duweni watak kayadene manungsa.
  5. Crita jenaka yaiku crita kang mekar ngrembaka sjroning bebrayan agung (masyarakat) asifat geguyon (komedi) kang bisa nuwuhake rasa seneng lan lucu.
  6. Crita panglipur yaiku cerita kang padatan duweni ancas tujuwan kanggo nglipur marang para tamu ing sajroning pasewakan utawa pasamuwan,  lan kang menehi carita biasane wong kang pinter ing babagan carita kayadene dhalang ing pagelaran wayang.
  7. Crita perumpamaan yaiku dongeng kang isine kiasan/ibarat , pitutur luhur asipat paring panggulawenthah. Tuladhane Crita “Wong sugih nanging pelit”

Tuladhanipun Teks Cerita Rakyat

Dumadosipun Dhusun Kandangan

           Kraton Majapait pancen sampun kondhang kaonang-onang. Kraton menika kagungan panguwasa ingkang linuwih lan nguwasani saindhenging nuswantara, langkung-langkung nalika Majapahit dipunpandhegani dening Prabu Hayam Wuruk lan patihipun Gajah Mada. Kedhaton  menika linangkung moncer. Patih Gajah Mada kagungan gegayuhan manunggalaken bumi nuswantara ingkang ageng sanget. Para prajurit lan punggawa  kraton dipunajari kridhaning peperangan kanthi olah keprajuritan ingkang ngedab-edabi, saengga kanthi gampang kraton Majapahit ngalahaken musuh-musuhipun.

           Wonten salah satunggaling prajurit Kraton Majapahit ingkang asmanipun Ki Sami. Ki sami menika kalebet prajurit ingkang ndherek melar-melaraken wewengkon ngantos Temanggung. Ing sawijining dinten nalika Ki Sami rumaos kesel anggenipun tindak, Ki Sami ngaso sekedhap ing ngandhapipun wit ingkang ageng sanget, malah kepara lajeng kebablasen ngantos dipuntilar kaliyan prajurit ingkang  sanesipun.

Ki Sami: “lho, kanca-kancaku ngendi……Prajurit….Prajurit…..aku aja ditinggal dhewe!”

           Sasampunipun Ki Sami dipuntilar kaliyan rombongan prajurit Kraton Majapahit lajeng piyambakipun teras mawon tindak piyambakan kanthi pangajab kepanggih kaliyan kanca ingkang saged ngancani mlampah, syukur-syukur dados brayatipun. Menapa ingkang dados pangangen-angenipun Ki Sami dados kanyatan. Ki Sami kepanggih kaliyan priyantun ingkang ayu sanget. Tindak-tandukipun sae. Lajeng priyantun menika ingkang dados garwanipun Ki Sami.

Ki Sami          :”Dhiajeng, sliramu pancen ayu tenan, jan aku ora rugi dadi garwamu.”

Nyi sami        :”Alah… Kangmas menika, saged kemawon.”

Ki Sami          :”Tenan kok.”

Nyi Sami        :”Ampun goroh lho Mas…”

Ki Sami          :”Ora, aku tenan iki.”

Nyi sami        :”Ampun ngaten lah Mas.”   

Ki Sami          :”Aku ora ngapusi Dhik, aku tresna marang awakmu.”

Nyi Sami        :”Alah Kangmas niku senenge kok nggombal mukiya.”

           Ki Sami lan Nyi Sami sami emah-emah wonten salah satunggaling wewengkon ingkang taksih sekedhik warganipun. Sanajan warganipun sekedhik kahananipun warga ing sakiwa tengenipun kemproh sanget. Kewan, pawon lan sanes-sanesipun dados setunggal, campur adhuk morak-marik. Sedaya wau dados sumpekipun dhusun lan damel ambet ingkang mboten sekeca. Adhedhasar kahanan menika Ki Sami wicantenan kaliyan garwanipun madosi cara supados dhusun menika sae dipunpirsani lan gandanipun wangi.

Ki Sami          :”Nyai, yen aku ndelokake dhusun iki rasane risi.”

Nyi Sami        :”Lha kados pundi ta Kangmas.”

Ki Sami          :”Kewan, manungsa, panganan, dadi siji. Crobo banget, kemproh banget ta.”

Nyi Sami        :”Inggih Kangmas, kula inggih rumaos kados mekaten, nanging nggih kados pundi malih  wong kahananipun kados mekaten kok.”

Ki Sami          :”Nyai, priye yen kewan, pawon, manungsa mau ora dicampur adhuk kaya ngono iku, ben ora risi ngono iku karepe.”

Nyi  Sami       :”Didhewek-dhewekake kados pundi ta Kangmas?”

Ki Sami          :”Ing dhaerah kene akeh pring ta Nyi?”

Nyi Sami        :”Inggih, lajeng….?”

Ki Sami          :”lha, saka pring mau banjur digawe kandhang. Pitik dilumpukake karo pitik didadekake sakandhang, enthok kumpul karo enthok ya didadekake sakandhang. Mengko kandhange iki diwenehake ing mburi omah, dadi ora nyepeti lan ngambon-amboni omah ngarep.”

Nyi Sami        :”Wah kula sarujuk Kangmas, lajeng kapan menika badhe dipuntindakaken?”

Ki Sami          :”Ya…..ya wis yen ngono coba sesuk tak rembugan karo warga ing kene.”

Nyi Sami        :”Inggih Kangmas.”

Ing wanci enjing, Ki Sami ingkang dipunkancani garwanipun, pirembagan kaliyan warga dhusun,  babagan perkawis kandhang menika.

Ki Sami          :”Sedulur-sedulurku, enyong njaluk wektune sadhela. Enyong kok duwe pamikiran murih apike dhusun iki. Yen dirasa-rasakake apa sampeyan-sampeyan ora sumpek, ora risi yen nonton kiwa tengen, awake dhewe campur karo kewan. Manungsa, panganan lan kewan dadi siji, mbelek, tlepong, mendhil, ana ing endi-endi. Rumangsa risi ta? Lha enyong duwe panemu, kepriye yen kewan iki digawekake papan dhewe-dhewe. Pagere nganggo pring  utawa kayu. Kaya kandhang ngono kuwi lho!

Warga            :”kula sarujuk…”

Ki Sami          :”Lha priye karo sing liyane, padha setuju apa ora?”

Warga            :”sarujuuuk…”

Ki Sami          :”Yen sarujuk ayo saiki gugur gunung gawe kandhang!”

Sedaya sami gugur gunung gawe kandhang. Sedaya kewan dipunkempalaken lan dipundamelaken kandhang miturut jinising piyambak-piyambak. Semanten  ugi kaliyan Ki Sami iingkang katon sumringah ndamelaken kandhang kagem ingah-ingahanipun, kalebet turangga ingah-ingahan katresnanipun.

Kandhang sampun dipundamel sedaya, dhusun menika katon sae sanget.

Warga 1        :”Dene dhusun iki bisa resik ya Yu!”

Warga 2        :”Iya.., enyong dadi krasan urip ing dhusun iki. Leres ta Nyi Sami?”

Nyi Sami        :”Inggih…, sedanten menika leres, dhusun menika dadoa endah boten mambet kados wingi.”

Warga 1        :”Leres sanget Nyi Sami, jan saiki katon endah banget dhusun iki.”

Warga 2        :”Iya Yu, mbelek, tlepong, mendhil wis ora kececer ing kene kono. Jan resik tenan                            iki dhusun.

Warga 1        :” Yu, kabeh iki amarga saka kapinterane Ki Sami lan Nyi Sami. Mulane warga ing kene kudu matur nuwun marang Ki Sami Lan Nyi Sami.

Warga 2        :”Ya iya mesthi iku.”

…………….

Ki Sami          :”Nyi, weruh jaranku apa ora?”

Nyi Sami        :”Napa… boten…, lha cobi dipunpriksani wonten kandhang.

Ki Sami          :”Ora ana, kandhange ora kuncenan.”

Nyi Sami        :”Lha dalah…lajeng jaranipun ucul ngaten?”

Ki Sami          :”Iya Nyi.”

Nyi Sami        :”Lha kok mboten dipunkancing menika kados pundi to?”

Ki Sami          :”Aku lali ngunci kandhange.”

Nyi Sami        :”Nggih sampun! Mangga sami dipunpadosi!”

……………..

Ki Sami          :”Adhuh Nyi…., jaranku mlebu sumur, adhuh jaranku…, jaranku…., jaranku…..

Nyi sami        :”Nggih sampun, ampun nggresula kados mekaten kangmas!’

Ki Sami nangis ngguguk ngantos warga dhusun menika ndherek sedhih. Warga dhusun lajeng sami mbiyantu Ki Sami, mendhem bathang turangga menika kanthi ngurug lemah lan ngratakaken sumur menika.

Kedadeyan menika damel pasinaonan ki Sami lan warga dhusun supados boten kesupen ngancing kandhangipun. Jalaran saking kedadeyan menika, saben sonten Ki sami ngubengi dhusun saperlu ngemutaken ampun kesupen ngunci kandhang.”

Ki Sami          :”Kandhange…kandhange…….kandhange aja lali lho…kandhange…”             Amargi saking apalipun warga kalih ngendikanipun Ki Sami, dhusun menika sinebat kaliyan jeneng  “Dhusun Kandhangan” ngantos samenika

Daftar Pustak

Tim MGMP Basa Jawa Temanggung.Pancadan Basa Jawa Kelas VII.2019.Temanggung

Leave Your Comment Here