Kawruh Basa – Bahasa Jawa 7

Minggu ke-2

PENGELING-ELING : TEMBUNG RERANGKEP

Tembung bocah-bocah, padha-padha, unggah-ungguh ing wacan “Yuli matur” iku kalebu jinising tembung rerangkepan. Tembung rerangkep yaiku sakabehing tembung sing diwaca utawa ditulis kaping pindho kabeh tembunge utawa mung sawanda (kata ulang:Ind)

Warna-warnane tembung rerangkep:

  1. Tembung Dwilingga
  2. Dwi lingga wantah (dwilingga padha swara/tembung dwi lingga lugu)

Tuladha : crita-crita, kampung-kampung, desa-desa, murid-murid, lsp.

  • Dwi lingga salin swara (dwilingga beda swarane)

Tuladha : mloka-mlaku, tuka-tuku, bola-bali, ngguya-ngguyu, lsp.

  • Dwi lingga semu (dwilingga kang ora duwe lingga)

Tuladha : orong-orong, ondhe-ondhe, indhil-indhil, andheng-andheng, lsp.

  • Dwipurwa yaiku tembung-tembung sing diwaca utawa ditulis kaping pindho mung wandane sing ngarep.

Tuladha : jejogedan, bebanyolan, tetabuhan, tetela, tetuku, lelucon, lsp.

  • Dwiwasana yaiku tembung-tembung sing diwaca utawa ditulis kaping pindho mung wandane sing buri.

PARIBASAN

Unen-unen “jajah desa milang kori” iku kalebu jinising paribasan. Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.

Tuladha paribasan liyane :

  1. Jajah desa milang kori : njajah tekan ngendi-endi lan prasasat kabeh panggonan, nganti tekan papan sing cilik-cilik lan kiwa, ditekani sarta disetitekake kahanane.
  2. Ana catur mungkur : ora gelem ngrungokake (mraduli) rerasaning liyan kang ora prayoga, kang bisa uga njalari tuwuhing padudon utawa regejegan.
  3. Anak polah bapa kepradhah : nemu pakewuh, amarga saka luputing tindake anake.
  4. Kalah cacak menang cacak : samubarang apa bae, bisa nindakake lan orane, kanyata sawise dicoba. Mulane, kasusu kandha ora bisa, sadurunge dicoba.
  5. Sepi ing pamrih, rame ing gawe : tanpa darbe pamelik apa-apa, tumindak ing gawe kanthi kamempengan.

TEMBUNG SAROJA

Ing jaman aklak rusak, akeh wong-wong kang asipat kosok baline iku, yaiku : sepi ing gawe, rame ing pamrih. Wegah rumagang ing gawe, mung padha kagedhen melik (suka menuntut tetapi kurang memenuhi kuwajiban).

Tembung tata krama ing wacan irah-irahan “Didhawuhi Ibu Guru” iku kalebu ewoning tembung Saroja. Tembung Saroja yaiku tembung loro utawa luwih kang meh padha tegese dirangkep dadi siji, nduweni teges mbangetake.

Tuladha liyane :

sanak-sedulurguyup-rukunbudi-pakartitata-kramagagah-prakosapuji-pandongatindak-tanduksuka-renamula-bukatambal-sulamsolah-bawawas-sumelanglara-lapatepa-tuladhacandhak-cekeladhap-asoradi-luhungedi-peni

DAFTAR PUSTAKA

Tim MGMP Bahasa Jawa. 2019. Pancadan Sinau Basa Jawa SMP/MTs Kelas VII.Temanggung

Leave Your Comment Here