Teks Narasi tentang Peristiwa atau Kejadian – Bahasa Jawa 7
- Bahasa Jawa 7
- 29 Juli 2020
Bahasa Jawa Kelas 7 – Minggu ke 1
BAB I
TEKS NARASI TENTANG PERISTIWA ATAU KEJADIAN
MATERI PASINAON
1. Kawruh Teks Naratif
Teks naratif yaiku teks kang nyritakake kedadeyan utawa cerita sakiwa tengene siswa. Teks naratif ana sing sipate khayalan uga ana sing sipate kedadeyan nyata. Teks naratif duwe maksud aweh panglipur, aweh pendidikan, menehi ngerti, menehi refleksi marang siswa, lan sapa wae kang maca.
2. Perangane teks naratif
a. Orientasi yaiku pengarang wiwit ngenalake paraga crita lan kapan dumadine crita.
b. Komplikasi yaiku paraga utawa ing crita mau wiwit oleh godha, alangan utawa konflik
c. Resolusi yaiku prakara kang diadhepi dening para paraga crita kasebut wiwit diudhari lan pungkasaning crita mau, dipungkasi kanthi rasa seneng, apa kanthi sedhih.
Tuladhane Teks Naratif
Yuli Matur
Kaya adate, sawise padha ngrungokake keterangan bapak guru Sudarma, bocah-bocah padha nyatheti lan nggarap gladhen. Dina iku lagi padha sinau Basa Jawa.
Dumadakan Yuli kebelet nguyuh. Sejatine wis sawetara krasa nanging diampet wae.saiki wis ora bisa tahan meneh. Mula banjur ngadeg klambi lan roke ditata. Mlaku alon-alon menyang ngarep kelas, nyedhaki pak guru Sudarma. Yuli mandheg ngadeg jejeg tangan tumata ngapurancang, ulat sumeh. Nuli matur marang pak Darma, nuwun sewu keparenga nyuwun pamit dhateng wingking sekedhap. Yuli matur alon, lirih nanging cetha karo awake dibungkukake sethithik. Bapak Sudarma manthuk lan ngendika “ya”.
Yuli mbungkuk sethithik mundur, banjur minger lunga menyang pakiwan. Ora nganti rong menit Yuli wis bali menyang kelas, mlaku alon lan patrape padha nalika nyuwun pamit mau. Yuli matur, Sampun Pak, matur nuwun. Bapak Sudarma manthuk lan ngendika ngucapke tembung padha-padha. Yuli banjur bali menyang palungguhan. Kasebut iku tata kramane bocah sing ana njero kelas menawa kepeksa perlu metu. Nyuwun pamit luwih ndisik marang bapak guru sawise diparingi idin nembe lagi nindakake apa perlune. Yen wis rampung perlune nuli matur minangka caos lapuran lan ora lali ngaturake matur nuwun. Kabeh kang ditindakake murid mesti digatekake dening gurune, mula dadi murid iku kudu tansah kebaking unggah-ungguh lan tata karma.
Daftar Pustaka
Tim MGMP Basa Jawa Temanggung. 2019.Pancadan Sinau Basa Jawa SMP. Temanggung
Priyantono, Sawukir. 2015.Marsudi Basa Jawa Kanggo SMP/MTs Kelas VII. Jakarta: Erlangga.
Febri Dwi Setiawan
Saya sudah paham
Fairuz zaky
Saya belum paham,karena sebelum nya belum pernah belajar bahasa jawa
Wahyu risma
Saya sudah faham
Linda Dwi Ruslina, S. Pd
Mboten napa-napa, sinau saking sekedik
Gilang Raditya
Tudodho engkang sae kados Yuli menawi badhe pamet wonten pawikan,mator engkang sopan lan alus
Alif
Saya paham
Alif
Saya mengerti
Denista Azalia
Penjelasan tentang teks narasi bahasa Jawa
Denista Azalia
Ya saya paham materi ini
Denista Azalia
Ya saya paham materi ini
Febri Dwi Setiawan
Saya sudah baca
Mezha luna
Ya saya sudah paham dengan materi ini
Sabda krisna
Paham
NOVITA HERMALIA SARI
Ya saya sudah paham tentang meteri ini
Febri Dwi Setiawan
Saya sudah tak baca bu
Rizki Apriliawan
Saya sudah tak baca
Alif
Saya sekarang paham
Revani dewi saputri
Ya saya paham bu
Rizki Apriliawan
Ya saya paham bu
gilangagilprabowo
Y.saya juga paham Bu
Ayu Reva Yuliyanti
Ya Saya paham
Ayu Reva Yuliyanti
Ya Saya paham
angellita putri yudyaningrum
Saya sudah membaca buu
Mezha luna
Saya sudah membaca bu
Meifa Intan Nurani
saya sudah membaca